Sepur

tetumpakan kang ngglindhing ing sadhuwuring ril

Sepur utawa kréta api[1] utawa kréta latu (krama) iku sawijiné sarana transportasi wujud tetumpakan kanthi tenaga gerak, kang ngglindhing ana ing sadhuwuring ril. Sepur minangka piranti transportasi massal iku lumrahé dumadi saka lokomotif lan rangkéan gerbong. Rangkéan gerbong mau ukurané rilatif amba saéngga bisa ngamot penumpang utawa barang kang akèh. Amarga sipaté minangka angkudan massal mau, sawatara nagara ngupaya mupangataké kanthi maksimal minangka piranti transportasi utama angkudan dharat, kanggo ing sajeroning kutha, antarkutha, utawa antarnagara.

Sepur ing Argentina.
Sepur ing Stasiun Gambir.

Sajarah

besut

Sajarah sepur kaya déné sajarah piranti transportasi lumrahé kang diwiwiti kanthi panemuan rodha. Wiwitané ditepungi kréta jaran kang mung dumadi saka siji kréta (rangkéan), banjur digawé kréta jaran kang narik punjul siji rangkéan sarta lumaku ing jalur tartamtu kang kagawé saka wesi (ril sepur) lan dijenengaké sepur. Iki dipigunakaké mligi ing laladan pertambangan, papan anané lori kang dirangké lan ditarik nganggo jaran.

Sawisé James Watt nemu mesin uwab, Nicolas Cugnot gawé kendharaan roda telu kanthi bahan bakar uwab. Wong-wong nyebut kendharaan iku minangka jaran wesi. Banjur Richard Trevithick gawé mesin lokomotif kang dirangké nganggo kréta lan dituduhaké marang masarakat umum. George Stephenson nyampurnakaké lokomotif kang menang ing lomba balap lokomotif lan dipigunakaké ing jalur Liverpool - Manchester. Wektu iku lokomotif uwab kang dipigunakaké mawa konstruksi walang. Panyampurnan banjur dianakaké supaya ngasilaké lokomotif uwab kang luwih èfèktif, kanthi daya gedhé, lan bisa narik kréta luwih akèh.

Panemon listrik déning Michael Faraday agawé sawatara panemon piranti listrik kang diiloni panemon motor listrik. Motor listrik banjur dipigunakaké kanggo gawé trèm listrik kang dadi cikal bakal sepur listrik. Banjur Rudolf Diesel munculaké sepur mawa mesin diesel kang luwih duwé tenaga lan luwih èfisièn tinimbang lokomotif uwab. Sairing karo ngrembakane tèknologi listrik lan magnèt kang luwih maju, banjur digawé sepur magnèt kang duwé kacepetan sadhuwuré kacepetan sepur biyasa. Jepang sajeroning dasawarsa 1960-an ngoperasèkaké KA Super Ekspress Shinkanzen kanthi rute Tokyo-Osaka kang wusanané dikembangaké manèh saéngga nggayuh amèh kabèh tlatah Jepang. Prancis banjur ngoperasèkaké sepur kanthi jeneng TGV.

Jinis-jinis sepur

besut

Miturut propulsi (tenaga penggerak)

besut
  1. Sepur uwab
  2. Sepur diesel
  3. Sepur rèl listrik

Miturut ril

besut

Sepur ril konvensional

besut
 
Sepur konvensional ing Stasiun Jakarta Kota

Sepur ril konvensional iku sepur kang umum ditemoni. Migunakaké ril kang dumadi saka loro watang wesi kang ditata ing sadhuwuré bantalan. Ing laladan tinamtu kanthi béda èlevasi kang curam, dipigunakaké ril mawa gerigi kang dipasang ing tengah tengah ril mau sarta migunakaké lokomotif mirunggan kang duwé rodha gigi.

Sepur monoril

besut

Sepur monoril (sepur ril tunggal) iku sepur kang jaluré ora kaya jalur sepur kang biyasa. Ril sepur iki mung dumadi saka siji watang wesi. Amarga èfisièn, racaké kanggo piranti transportasi kutha mligi ing kutha-kutha metropolitan donya lan dirancang mèmper dalan layang.

Miturut papan lintasané

besut

Sepur ing lumahing bumi (surface)

besut

Sepur kang lintasané ing lumahing bumi iki lumaku ing lumahing lemah. Lumrahé jinis sepur iki kang kerep ditemoni ing sadéngah papan. Biaya pembangunané paling murah dibandhing karo kang lumaku ing sangisoring lemah utawa jinis kang layang. Ing Indonésia, jinis lintasan dhuwur lemah iki dibangun sadurungé Perang Donya II.

Sepur layang (elevated)

besut

Sepur layang lumaku ing dhuwur, bab iki diangkah kanggo ngindhari persilangan sabidang, supaya ora perlu ana lawang perlintasan sepur. Biaya kang diperlokaké watara kaping teluné biaya yasa sepur biyasa sajeroning jarak kang padha.

Sepur ngisor lemah (subway)

besut

Sepur ngisor lemah iku sepur kang lumaku ing sangisoring lemah (subway). Sepur jinis iki dibangun kanthi yasa terowongan-terowongan ing ngisor lemah minangka jalur sepur. Lumrahé dipigunakaké ing kutha kutha gedhé (metropolitan) kaya New York, Tokyo, Paris, London, Seoul lan Moskwa. Saliyané iku uga dipigunakaké sajeroning skala luwih cilik ing laladan tambang. Biaya kang diwetokaké larang banget, amarga kerep nembus 20m ing sangisoring lemah, kali - yasan utawa dalan, ya iku watara kaping pituné sepur biyasa.

Miturut panganggonan

besut
  1. Sepur penumpang
  2. Sepur barang

Album

besut

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Miturut bausastrané Poerwadarminta.
  NODES
os 6