Ékologi iku èlmu kang nyinaoni interaksi antarané organisme karo lingkungan lan liya-liyané. Asalé saka tembung Yunani oikos ("habitat") lan logos ("èlmu").

Ékologi, biologi lan èlmu kauripan liyané silih nglengkapi karo zoologi lan géografi kang nggambaraké babagan yèn ékologi nyoba ngira-ira, lan ékonomi ènèrgi kang nggambaraké akèh-akèhé rantai panganan manungsa lan tingkat tropik.

Ékowewengkon bumi lan risèt owah-owahan iklim yaiku rong wewengkon fokus ekolog (wong kang nyinaoni ékologi) saiki.

Ékologi ing pulitik

besut

Ékologi nimbulaké akèh filsafat kang kuwat banget lan perobahan pulitik – kalebu obahan konservasi, kaséhatan, lingkungan, lan ékologi kang awaké dhéwé kenal saiki. Nalika kabèh digabungaké karo obahan perdamaian lan Enem Asas, karan obahan ijo. Lumrahé, njupuk kasehatan ékosistem kang sepisanan ing pratélan moral manungsa lan prioritas pulitik, kaya dalan kanggo nuju kasehatan manungsa lan kaharmonisan sosial, lan ékonomi kang luwih becik.

Wong kang nduwé kapercayan-kapercayan iku karan ékolog pulitik. Sapérangan wis ngatur ing sajeroning Golongan Ijo, nanging ana bener-bener ékolog pulitik ing sakèhing parté pulitik. Asring banget saka wong-wong mau migunakaké argumen saka ékologi kanggo nerusaké kawicaksanan, mligi kawicaksanan alas lan ènèrgi. Asring argumen-argumen iku tetentangan siji lan sijiné, kadidéné akèh dilakokaké déning akadhemisi uga.

Ékologi ing ékonomi

besut

Akèh ékolog nggandhèngaké ékologi karo ékonomi manungsa:

  • Lynn Margulis nelakaké yèn studi ékonomi priyé manungsa nggawé kauripan. Studi ékologi priyé saben kéwan liyané nggawé kauripan.
  • Mike Nickerson nelakaké yèn "ékonomi teli pralimané ékologi" wiwit ékosistem nyiptaaké sumber lan mbuwang sampah, ing ngendi ékonomi nganggep dilakoni "supaya bébas".

Ékonomi ékologi lan téyori perkembangan manungsa nyoba misahaké pranyatan ékonomi karo liyané, nanging angèl. Akèh wong menggalih ékonomi lagi waé dadi pérangan ékologi, lan ékonomi ngirwakakaké salah. "Modhal alam" yaiku 1 conto 1 téyori kang nggabungaké 2 prakara iku.

Ékologi ing kacatingal antropologi

besut

Sok-sok ékologi dibandhingaké karo antropologi, sebab kaloroné migunakaké akèh métodhe kanggo nyinaoni sawijining prakara kang awake dhéwé ora bisa ninggal tanpa iku mau. Antropologi yaiku ngenani priyé awak lan pikiranné awake dhéwé diprabawai lingkungan, ékologi yaiku ngenani priyé lingkungané awake dhéwé diprabawai awak lan pikiranné awaké dhéwé.

Sapérangan wong menggalih wong-wong mau mung sawijining èlmuwan, nanging paradigma mékanistik puguh nyèlèhaké subyèk manungsa ing kontrol obyèk ékologi — masalah subyèk-obyèk. Nanging ing psikologi évolusionèr utawa psikoneuroimunologi upamané cetha yèn kamampuan manungsa lan tantangan ékonomi ngrembaka bebarengan. Kanthi becik dikukuhaké Antoine de Saint-Exupery: "Bumi ngajaraké awake dhéwé luwih akèh ngenani dhiri awaké dhéwé tinimbang kabè buku. Amarga iku nulak awake dhéwé. Manungsa nemu dhiriné dhéwé nalika mbandhingaké diriné marang rerendhet."

Pranala njaba

besut


  NODES
Done 1
eth 1