Luwang ireng

barang angkasa kang duwéni gravitasi sing rosa banget
Relativitas umum
Topik-topik kakait

sunting

Luwang ireng (basa Inggris: black hole) iku siji pamusatan massa sing cukup gedhé saéngga ngasilaké gaya gravitasi sing gedhé banget. Gaya gravitasi sing gedhé banget iki nyegah apa waé lolos saka pamusatan mau kejaba liwat prilaku trowongan kuantum. Medan gravitasi kuwat banget saéngga kacepetan ucul ing saceraké nyeraki kacepetan cahya. Ora ana siji waé, kaleburadiasi elektromagnetik sing bisa lolos saka gravitasiné, semono uga cahya mung bisa lumebu nanging ora bisa metu utawa ngliwati gravitasi mau, saka kéné diantuki tembung "ireng". Istilah "luwang ireng" wis kasebar wiyar, sanadyan iku mau ora nunjuk marang siji luwang ing teges biyasa, nanging wujud siji wewengkon ing akasa ing ngendi kabèh ora bisa bali. Sacara téoritis, luwang ireng bisa nduwéni ukuran apa waé, saka mikroskopik tekan ing ukuran alam raya sing bisa diamati.

Lukisan rekaan luwang ireng ing sangarepé galaksi Bimasekti sing massané 10x massa srengéngéné awake dhéwé, dideleng saka let 600 km.

Téyori

besut

Téyori anané luwang ireng sepisanan diajokaké ing abad kaping 18 déning John Michell lan Pierre-Simon Laplace, sabanjuré dikembangaké déning astronom Jerman sing jenengé Karl Schwarzschild, ing taun 1916, kanthi dhasar téyori relativitas umum saka Albert Einstein, lan saya dipopulèraké déning Stephen William Hawking. Saiki akèh astronom sing percaya yèn mèh kabèh galaksi ing alam semesta iki nglilingi luwang ireng ing pusat galaksi.

John Archibald Wheeler ing taun 1967 awèh jeneng "Luwang Ireng" saéngga dadi populèr ing donya malah uga dadi topik favorit para panulis fiksi èlmiah. Awaké dhéwé ora bisa mirsani luwang ireng nanging bisa ndhetèksi materi sing katarik utawa kasedhot mrana. Kanthi cara iki, para astronom nyinaoni lan ngidhentifikasi akèh luwang ireng ing akasa liwat observasi sing ngati-ati banget saéngga diprakirakaké ing akasa dihiyasi déning mayuta-yuta luwang ireng.

  • Mula bukané Luwang Ireng

Luwang ireng karipta nalika siji obyèk ora bisa tahan saka kakuwatan tekanan gaya gravitasiné dhéwé. Akèh obyèk (kalebu srengéngé lan bumi) ora bakal dadi luwang ireng. Tekanan gravitasi ing srengéngé lan bumi ora nyukupi kanggo ngliwati kakuwatan atom lan nuklir ing njeroné sing sifaté nglawan tekanan gravitasi. Nanging sawaliké kanggo obyèk sing massané gedhé banget, tekanan gravitasi iku sing menang.

  • Tuwuhing Luwang Ireng

Massa saka luwang ireng terus tambah kanthi cara nyekel utawa nyedhot kabèh materi ing saceraké. Kabèh materi ora bisa lumayu saka jiratan luwang ireng yèn liwat cedhak banget saka luwang ireng iku.Dadi obyèk sing ora bisa njaga let sing aman saka luwang ireng bakal kasedhot. Béda karo reputasi sing disandhang saiki sing nelakaké yèn luwang ireng bisa nyedhot apa waé ing sekitaré, luwang ireng ora bisa nyedhot materi sing leté adoh banget saka luwang ireng mau. Luwang ireng mung bisa narik materi sing liwat sacedhaké. Contoné: bayangna srengéngéné awake dhéwé dadi luwang ireng kanthi massa sing padha. Pepeteng bakal nutupi bumi amarga ora ana pancaran cahya saka luwang ireng, nanging bumi bakal tetep ngupengi luwang ireng mau kanthi let lan kacepetan sing padha karo saiki lan ora kasedhot lumebu ing luwang ireng iku. Bebaya bakal ana yèn buminé awake dhéwé leté 10 mil saka luwang ireng, lan iki isih adoh saka kasunyatan amarga leté bumi lan srengéngé saiki 93 yuta mil. Luwang ireng uga bisa tambah massané kanthi cara tubrukan karo luwang ireng liyané saéngga dadi siji luwang ireng sing luwih gedhé.

Pranala njaba

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


  NODES
Done 1
einstein 3
einstein 3