Sri Susuhunan Pakubuwana VI
Pakubuwana VI
Raja Surakarta
Miyos Surakarta, 26 April 1807
Séda Ambon, 2 Juni 1849
Jumeneng

Raja Surakarta

Sri Susuhunan Pakubuwana VI utawi Sampéeyandalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Jumeneng kaping Enem (Hanacaraka: ꦯꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦑꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦦꦑꦸꦨꦸꦮꦟ꧇꧖꧇) utawi​ Radèn Mas Sapardan utawi Sinuhun Bangun Tapa (miyos ing Surakarta, 26 April 1807 – séda ing Ambon, 2 Juni 1849 dumugi yuswa 42 taun) inggih punika raja ingkang kaping gangsal wonten ing kraton Surakarta.

Sunan Pakubuwana VI déning pamarèntah Républik Indonésia sampun piniji minangka pahlawan nasional miturut S.K. Présidhèn RI No. 294 Taun 1964, tanggal 17 Novèmber 1964 [1].

Asmadalem

besut

Asma aslinipun punika Radèn Mas Sapardan, putra Pakubuwana V ingkang miyos saking garwanipun Raden Ayu Sasrakusuma, turunané Ki Juru Martani. Pakubuwana VI jumeneng nata tanggal 15 Sèptèmber 1823, kaletan sepuluh dina sawisé tilar donyané bapaké.

Sesambetanipun kaliyan Pangéran Dipanagara

besut

Pakubuwana VI punika nyengkuyung pamarsudinipun Pangéran Dipanagara, ingkang ngraman nglawan Kasultanan Ngayogyakarta lan pamaréntah Hindhia Walanda saka taun 1825. Nanging, minangka salah satunggaling raja ingkang kaiket prajanjèn kaliyan Walandi, Pakubuwana VI sampun marsudi nutupi pasekutonipun punika.

Juru tulis serat-serat babad nalika iku uga nutupi pepanggihan wadi ing antarané Pakubuwana VI karo Pangéran Dipanagara nggunakaké basa simbolis. Tuladhané, Pakubuwana VI kacaritakaké lunga tapa ing Gunung Merbabu utawa tapa ing Alas Krendawahana. Kamangka sajatiné, panjenengané lunga nemoni Pangéran Dipanagara kanthi sesidheman.

Pangéran Dipanagara uga nate nyusup ing njero karaton Surakarta kanggo rerembugan karo Pakubuwana VI prekara sikapé Mangkunagaran lan Madura. Nalika Walanda tekan, Pangéran Dipanagara éthok-éthok gelut lan padha regejegan. Jaréné, kréta Pangéran Dipanagara kèri lan ditandur ing njero karaton déning Pakubuwana VI.

Nalika perang nglawan Pangéran Dipanagara, Pakubuwana VI nglakokaké dwi laku. Saliyané mènèhi bantuan lan panjurung, panjenengané uga ngirim wadyabala kanggo éthok-éthok mbantu Walanda. Pujangga agung Ranggawarsita ngaku nalika isih enom, panjenengané naté mèlu ing wadyabala sandiwara mau.

Réperènsi

besut

Kapustakan

besut
  • Andjar Any. 1980. Raden Ngabehi Ronggowarsito, Apa yang Terjadi? Semarang: Aneka Ilmu
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Joko Subroto & Suripto. 1995. Ikhtisar Biografi Pahlawan-Pahlawan Indonésia. Sala: CV Aneka
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu

Priksani ugi

besut
Gelar kabangsawanan
Didhisiki déning:
Pakubuwana V
Susuhunan Surakarta
1823-1830
Diganti déning:
Pakubuwana VII


  NODES